TELEDOR MRING TAWASSUL LAN SUNNAH RASUL
. ............ Lanjutan
).
Ing antarane sekabehane mau uga wonten malih setunggaling kelompok Remaja
Islam ingkang ngijtihadaken Islam sarana Riyadlah ( olah bathin ) angamalake lelaku safar (
sepiritual ) anerabas sekabehane negeri, kuta desa nganti pelosok hutan
belantara. Jerohane sibuk tafakkur,
trisna uga utun olehe sowan mring Rab SWT lan Rasul SAW. Kanti angakeh-akehake
Mujahadah nggo anggilapake jiwane sarta anebar kulum (snyum) lan kasih ing
kalangane para mahluq-Ke. Utamane mring kang amoh (lemah), katindes lan
kasingkirake saka panguripan kang atos (kehidupan keras). Piyantun ingkang
mekaten kala wau lajeng dipun kenal lan kesuwur jejululuking kanti sebutan
shufi. Kelawan perantara shufi punika Kang Murbeng Dumadi SWT. Amujudake negari
Indonesia, Malaisya, Thailand Sisih Kidul (Kaum Petani), Philiphin Sisih Kidul
akeh kang ngerangkul mring Agama Islam (mayoritas). Gegayutan kaliyan sedaya
kalawaulah Gusti SWT njagi Imanipun Penderek Islam (Kaun Muslimin) salebeting
Asia Tengah, senaasa pinten-pinten tahun kakekang dening Kaun Atheis Uni Soviet
(dulu). Sak suwene olehe munduk-munduk kalawan singidan kerana ngales saka
incerane agen-agen KGB (dinas intelegen Soviet) sufhi akas Mujahadah, Baiat,
Suluk lan liya-liyane, sahengga akhire rezim anti Tuhan dipun ganjar pahit.
Lebur sawalang-walang (hancur-lebur).
Sayangipun kirang
mathuk, kelompok ingkang wingking kalawau (Kaum Sufhi) asring kali kadzalimi,
utaminipun dening piyambakipun ingkang mawi aliran Wahaby (Kaum Salafy) ingkang
samangkin sampun sami tukul kathah wonten salebeting antera jagad Islam punika,
Sufhi kaanggep jalaran/ panyebab sumaberahing Bid’ah, uamanine kang ana
gegayutane karo babakan tawassul kang dadi lelakuni para sufhi. Kirang legawa
ngantos ndedamel reka lan mastani menawi praktek tawassul punika angerupa wujud
lelaku kemusyrikan lan anyalahi kasepakatane para ‘Ulama (Ijma’) ingkang kedah
dipun berantas sankuing pucuk ngantos oyot. (basmi hingga akar).
.................... (bersambung).
ABD WAHIB AZF,
S.Ag.MM